WIS ORA ANA MANEH KANGGO KOWE
Wis ora ana maneh kanggo kowe, kancaku
Dongeng kancel apa uthek-uthek ugel yengklit kundi bujel
Bu guru repot penataran, sibu asri tindakan
Wacanen dewe ing kamar
Komik bionik lan flasgordon
Wis ora ana maneh kanggo kowe kancaku
Nglagute pangku palaran
Ngrangine gendhing dolanan
Yen rembulan ndadari sumunar padhang rembulan
Setelen video lan kaset obralan
Marga wis ora keprungu alarate lan jamuran ing plaratan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar